BanyumasPost

Cablaka, Jati Dirine wong Banyumas

  • Reporter:
  • Slasa, 18 Juli 2017 | 11:20
  • / 23 Syawal 1438
  • Dibaca : 225 kali
Cablaka, Jati Dirine wong Banyumas
Gambar : http://1.bp.blogspot.com/_Z3ZesNOd83Q/TMKQ6gm6JCI/AAAAAAAAAIM/mOazBkZZ8Zs/s1600/bawor2.jpg

Assalamu ‘alaikum sedulur? Kepriwe kabare? Moga-moga rika kabeh padha waras, teyeng tuku beras, lan uga teyeng makarya nerusena goli berjuang. Aamin

Ora tau-taune, siki inyong sing ngisi neng rubrik Kang Daplun kiye. Miturut informasi sing desiyarena sekang radio bodhol, siki Daplun absen sebab lagi kursus fotografi neng Amsterdam. Mbuh bener mbuh ora, inyong dewek ya ora ngerti. Kadar Daplun bekoh…

Sedulur, ana sing ngomong jere jati dirine wong Banyumas kuwe “blaka suta” utawane “cablaka”. Angger inyong tah setuju bae, sebab miturut informasi sekang briliagung.com, sekang sisi geografis, wilayah Banyumas kuwe kelebu adoh sekang kraton-kraton gedhe.

Sekang kono, akhire wong-wonge duwe karakter sing adoh sekang intrik kekuasaan. Kuwe sing ndadikena wong-wong Banyumas nduweni karakter “blaka suta” utawane “cablaka” kue mau. Jerene tah, apa sing derasa neng wong Banyumas, ya kuwe sing diomongena.

Miturut inyong, angger digragap sing lewih jero, sekang watek blaka suta kemau ngemu pirang-pirang kebagusan.

 

Ora dhemen nglombo
Wong Banyumas umume ora dhemen ngombo, kejaba sing pancen doyan nglombo. Angger sing lagi maca, kaya-kayane tah kelebu wong sing apa anane.

Mulane, angger ana wong Banyumas sing dhemen nglombo, kue mesthi dudu wong Banyumas, ningen oknume wong Banyumas. Haha..

Wis ora usah werna-werna. Sing penting, angger rika pancen ngaku wong Banyumas asli, mayuh pada nduweni watek sing ora dhemen nglombo.

Umpamane rika pejabat, mayuh dadi pejabat sing cablaka. Umpamane rika karyawan, murid, mahasiswa, petani, nelayan, lan liya-liyane, mayuh dadi menungsa sing cablaka neng bidhange dhewek-dhewek.

Soale apa? Angger mung simbol tah gampang, pasang bae spanduk neng endi ora, sing monine “Cablaka, jati dirine wong Banyumas”. Ningen sing paling penting, kudu kepriwe rika nduwe watek sing kaya kuwe. Iya mbok?

 

Seneng guyon
Sekang watek cablaka, lair watek seneng guyon. Angger ana wong Banyumas lagi padha jagongan utawa dopokan, mesthi ana bae sing clemad-clemod gawe guyu.

Mulane, umume wong Banyumas padha ora seneng crita sing abot-abot. Ewodone lagi crita sing katon temenanan (umpama mbahas politik), jog-jogane ya ana bae sing marekna kegugu.

Angger ana salah siji batir sing goli crita kemrupus ningen katone ora nganggo dhasar, biyasane ana sing nylemod kaya kiye, “ora usah ndlepus” utawa “aja kakehen sengek” lan liya-liyane.

Kabeh mau kelebu bukti, lamona wong Banyumas lewih seneng maring apa bae sing kepenak nggo dopokan, ora kaboten lan ora kudu depikir sing banget-banget.

Wong Banyumas kurang sreg angger kon crita nganggo basa sing alus tur mlathet-mlathet, ningen jog-jogane akeh sing detutup-tutupi.

 

Seneng weweh
Neng ndesa-ndesa, esih akeh wong-wong sing padha jujug-jujugan lawuh utawane jangan. Dina siki njangan gendhot, umah wetan dijujugi. Ngesuk umah lor njangan gandul, dhewek sing gari dijujugi. Senajan barang sepele, tumrape wong Banyumas weweh kuwe penting pisan.

Wong Banyumas precaya, weweh maring tangga kuwe dudu masalah “enak ora enak” utawa “akeh apa ora akeh”, ningen sing lewih penting kepriwe carane weweh kuwe bisa mbangun keruketan antarane siji lan sijine.

Wong Banyumas njagani banget, aja ngantek tanggane kur ngarasani ambune thok, ningen ora melu mangan pangane. Mulane, budhaya padha dene weweh tekan siki esih ngrembaka, khususe neng desa-desa.

Budhya kaya kuwe jane wis ana kawit jaman kaki-nine dhewek gemiyen. Nalika jaman penjajahan, golet pangan esih kelebu angel. Mulane, siji lan sijine padha weweh, tujuane nggo njagani aja ngantek anggota keluwargane padha kencoten.

Miturut crita kuna sing ngrembaka neng masarakat, jaman gemiyen wong-wong ora mung weweh pangan maring tangga thok. Ningen wong-wong pada nyiapena pangan seanane nggo para pejuang sing lagi berjuang nglawan penjajah. Mbuh budin, mbuh tales, pokoke apa bae desiyapena nggo nyokong perjuangan.

Mula kuwe, mayuh budhaya seneng weweh karo tangga teparo disuburaken maning. Aja mikir anu mung-mungan utawane mbok ora detampa, pokoke sing penting dhewek duwe tujuan bagus nggo nguketena peseduluran.

 

Ora kepenakan lan seneng tetulung
Apa maning sedulur, lagi sing dudu apa-apane be detulungi. Sebabe apa, ya sebab ora kepenak angger wong liya lagi kangelan, koh dhewek meneng bae. Watek ora kepenakan kuwe sing marekna wong Banyumas akeh sing seneng, utamane neng kana-kana.

Ningen saking ora kepenakane, akeh uga wong-wong sing akhire nyepelekena maring wong Banyumas. Contone, utang ora gelem nyaur-nyaur, nyilih barang ora debalek-balekena lan pirang-pirang bab ora bagus liyane.

Mula kuwe, senajan dhewek kelebu wong sing duwe watek kepenakan, ningen aja banjur ngejor wong liya kon padha sekepenake dhewek.

 

Ora seneng dadi gawe neng wong liya
Salah siji conto, jaman gemiyen, nalikane dhewek cilik, angger lagi dolan neng nggone batire, mesthi wong tua ngemutena kon supayane ngerti wektu. Angger wis wayaeh bedhug, ya kudu bali. Aja ngantek madhang neng umah ewong.

Mulane angger detawani madhang, ewodene ya nyata-nyata anu urung madhang, biyasane ngakune uwis madhang. Kabeh mau nggo njagani supaya aja ngantek si bocah duwe kebiasaan dadi gawe neng wong liya.

Tekan gedhe tuwa, wong Banyumas esih njagani bab sing kaya kuwe. Mulane sedurunge nglakoni apa bae, wong Banyumasa biyasane mikir dhisit kira-kira sing arep delakoni bakale nyusaih wong apa ora.

 

Ora ngangsa jabatan
Umume wong Banyumas lewih seneng dadi wong biyasa sing ora kudu mikir werna-werna, timbang dadi wong penting ningen jog-jogane ndase mumet. Mulane wong-wong sing padha duwe jabatan, biasane wong-wong pilihan sing nduweni kesabaran linewih.

Ora mawi dhuwur-dhuwur, contoh sing paling genah, saben-saben ana pemilihan ketua RT utawane RW, biyasane padha pediren. Kabeh-kebeh pada emoh, padha rumangsa bodho lan rumangsa ora teyeng.

Tumrap wong Banyumas, asal teyeng madhang wareg lan turu angler kuwe lewih kepenak ngawak, timbang kudu mikir apa-apa sing nyatane anu urung nyandhak.

Anane kaya kuwe, ora banjur wong Banyumas akhire padha emoh ngapa-ngapa. Wong Banyumas kelebu wong sing seneng nyambut gawe. Buktine, akeh wong Banyumas sing padha dadi pengusaha sukses, mbuh kuwe neng ndesane dehewek, uga neng kana-kana.

 

Nah sedulur, kuwe mau kelebu kebagusan sekang watek utawane karakter “cablaka” sing dadi jati dirine wong Banyumas.
Mula kuwe, mayuh inyong lan rika padha aja kelalen maring asal usule dhewek. Mayuh padha sing ruket goli seduluran karo tangga teparo. Padha sing seneng tetulung lan aja padha gawe cacad siji lan sijine.

Sebab, dhewek kiye duwe jati diri sing mbedakena karo wong liya, yakue “cablaka”. Cara bahasa Indonesia menkonoan, wong Banyumas kuwe duwe karakter terpuji sing sederhana, bersahaja lan sabar.

Angger carane inyong, kue esih detambah maning karo karakter “seneng guyon”, pokoke kumplit lan tambah mbleketaket!

“Inyong tresna Banyumas”

Mangga aja kelalen di-share supaya kanca Banyumas liyane melu padha bungah lan tambah kraket goli nyambung peseduluran.

(red)

Komentar

Jadilah orang pertama yang memberikan komentar!

Foto Terbaru

  • ©2017 BanyumasPost

Theme Wordpress Untuk Portal berita Professional